PRASAPAKU
Dening Darmoko
87 tahun kapungkur,
Para Mudha : Jong Java,
Jong Batak, Jong Celebes,
Jong Sumatranen Bond, Jong
Islamieten Bond, Jong Ambon
Lan para mudha ing
Nuswantara
Padha nyawiji murih
manunggaling bumi pertiwi
Nadyan ragamu saiki wis
padha ora ana,
Nanging jenengmu tansah
ngambar arum
Kaya aruming kembang
penganten.
Lelabuhanmu manunggalake
bumi pertiwi kanthi prasapa :
Kami Putra dan Putri
Indonesia,
Mengaku Berbangsa Yang
Satu,
Bangsa Indonesia
Kami Putra dan Putri
Indonesia,
Menjunjung Bahasa
Persatuan,
Bahasa Indonesia
tansah tumanem ing
sanubari, jiwa lan raga
kang bisa gawe gumregahe
para mudha
Anggone labuh negara
Mula, kanggo raga kang wis
ora ana
Rungokna prasapaku
Ing bumi iki, sapa ...
sapa ... sing niyat gawe dredah
Aku kang bakal maglah,
nadyan getihku kudu wutah
Sapa kang bakal ngrusak
bangsa tinggalane leluhur
Aku ... aku kang bakal
ngidak-idah nganti ajur mumur
Ya iki prasapaku
Prasapane para mudha,
Kanggo raharjaning nusa,
bangsa lan negara
Title : PRASAPAKU
Description : PRASAPAKU Dening Darmoko 87 tahun kapungkur, Para Mudha : Jong Java, Jong Batak, Jong Celebes, Jong Sumatranen Bond, Jong Islam...